Iki blog lawas, ket tahun 2009, jamane ngeblog sik gawe hape nokia, tipene apa aku wes lali. Setahun ngeblog nang kene njur tahun 2010 ganti blog, sebab barengi ganti lakon. Nalika 2001 nganti 2009 lakone ajar silat lan Aksara Jawa ing Lampung, banjur tahun 2010 lakone ndampingi warga desa ing Sumatera Selatan sing butuh pitulungan bab kesehatan. Salin laku maneh tahun 2012 ing Kalimantan makarya ngurus orangutan, sampek akhire nang Malang, Jawa Timur tahun 2014 lakune makarya bareng difabel utawa penyandang disabilitas.

Saka lakon siji nang lakon sakbanjure, bedane mung tata cara nglakoni, ning pada watone, yaiku Mamayu Hayuning Bawono, kang ateges mayungi (njaga) ayuning (kabecikan) bawana (jagad/ngalam semesta).

Ken Kerta Avatar

Published by

Categories:

Tinggalkan komentar